(Go: >> BACK << -|- >> HOME <<)

Menyang kontèn

Pasukan Garuda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 28 Sèptèmber 2011 16.38 déning PL09Puryono (parembugan | pasumbang) (a rintisan)
(bé) ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan () | Révisi sabanjuré → ()

Pasukan Garuda dicekak KONGA utawa Kontingen Garuda yaiku pasukan Tentara Nasional Indonésia kang ditugasake ing negara liya (manca) . Indonésia wiwiti nguyub serta ngirim pasukan garuda kanggo bagean saka pasukan kadamaian PBB wiwit taun 1957.

Sajarah

Ing mangsa Indonésia dinyatakake kamardhikakané ing 17 Agustus 1945, Mesir langsung ngadakake sidang mentri luar negeri negara-negara Liga Arab. Ing 18 November 1946, Mesir uga netepake resolusi ing babagan pangakuan kamardhikan RI kanggo negara mardhikan lan ndhuweni daulat. Pangakuan kasebut didadekake salah sijiné pangakuan de jure miturut hukum internasional.

Dhatar Pasukan/Kontingen

Kontingen Garuda I

Kontingen Garuda I dikirim ing tanggal 8 Januari 1957 tumuju Mesir. Kontingen Garuda Indonésia I kapengkar saka gabungan pasukan saka Resimen Infanteri-15 Tentara Territorium (TT) IV/Diponegoro, lan 1 kompi saka Resimen Infanteri-18 TT V/Brawijaya ing Malang. Kontingen iki kapimpin déning panjenengané Letnan Kolonel Infanteri Hartoyo banjur digantiake déning Letnan Kolonel Infanteri Suadi Suromihardjo, minangka wakilé yaiku Mayor Infanteri Soediono Suryantoro. Kontingen Indonesia mangkat wiwit tanggal 8 Januari 1957 kanthi numpak motor mabur C-124 Globe Master saka Angkatan Udara Amérika Sarékat tumuju Beirut, ibukota Libanon. Saka Beirut pasukan kapengkar dumadi loro, tumuju ing Abu Suweir lan Al Sandhira. Banjur pasukan ing El Sandhira dipindahake tumuju Gaza, dharah tapel wates antarané Mesir lan Israel, mingka kelompok Komando kang dumunung ana ing tlatah Rafah. Kontingen iki pungkasan tugas ing tanggal 29 September 1957. Kontingen Garuda I ndhuweni kakuatan 559 pasukan.

Kontingen Garuda II

Konga II dikirim ing Kongo wiwit taun 1960 kanthi papimpin panjenengané Letkol Inf Solichin GP. Konga II ana ing sakgisoré misi UNOC.KONGA II uga ndhuweni pasukang 1.074 tentara ing ngisor pamimpin panjenengané Kol. Prijatna (banjur digantikake déning Letkol Solichin G.P) kang tugas ing Kongo wiwit September 1960 kanthi pungkasan ing sasi Mei 1961.

Kontingen Garuda III

Konga III dikirim ing Kongo wiwit taun 1962. Konga III ndhuweni misi saka UNOC kathi pamimpin déning panjenengané Brigjen TNI Kemal Idris lan Kol Inf Sobirin Mochtar.KONGA III kapengkar dumadi 3.457 tentara déning pamimpin Brigjen TNI Kemal Idris, bajur Kol. Sabirin Mochtar. KONGA III kapengkang déning Batalyon 531/Raiders, Kodam II/Bukit Barisan, Batalyon Kavaleri 7, uga unsur bantuan tempur. Salah sijiné Wartawan saka Medan, H.A. Manan Karim (minagka pawakilan. Pemred Hr Analisa) tumut sajroning kontingen Garuda lan pungkasan tugas ing taun 1963. Mentri/Panglima Angkatan Darat Letjen TNI Ahmad Yani pernah tumeko kanggo ngelakoni kunjungan ing Markas Pasukan PBB ing Kongo (ing mangsa iku karan jeneng Zaire) tanggal 19 Mei 1963. Komandan Yon Kavaleri 7 Letkol GA. Manulang gugur Kongo.

Kontingen Garuda IV

Kontingen Garuda V

Konga V dikirim ing Vietnam ing taun 1973. Konga V ndhuweni misi ing sakngisoré ICCS kanthi pampimpin panjenengané Brigjen TNI Harsoyo.

Kontingen Garuda VI

Kontingen Garuda VII

Konga VII dikirim ing Vietnam ing taun 1974. Konga VII wewengkon tugas ing sagisoré ICCS lan kapimpin déning Brigjen TNI S. Sumantri.

Kontingen Garuda VIII

Kontingen Garuda VIII/1

Konga VIII/1 dikirim ing Wétan Tengah ing taun 1974. Konga VIII/1 ndhuweni misi UNEF II lan kapimpin déning Kol Art Sudiman Saleh.

Kontingen Garuda VIII/2

Konga VIII/2 dikirim ing Wétan Tengah wiwit taun 1975. Konga VIII/2 ndhuweni misi UNEF II déning pamimpin panjenengané Kol Inf Gunawan Wibisono. Uga ndhuweni pasukan TNI saka kasatuan KOSTRAD, yaiku sak YONIF LINUD 305/Tengkorak-BRIGIF LINUD 17/KOSTRAD.

Kontingen Garuda VIII/3

Konga VIII/3 dikirim ing Wétan Tengah wiwit taun 1976. Konga VIII/3 ndhuweni misi UNEF II lan kapimpin déning panjenengané Kol Inf Untung Sridadi.

Kontingen Garuda VIII/4

Konga VIII/4 dikirim Wétan Tengah ing taun 1976. Konga VIII/4 ndhuweni misi UNEF II kapimpin déning panjenengané Kol Inf Suhirno.

Kontingen Garuda VIII/5

Konga VIII/5 dikirim ing Wétan Tengah taun 1977. Konga VIII/5 ndhuweni misi misi UNEF II kapimpin déning panjenengané Kol Kav Susanto Wismoyo.

Referensi

Pranala jaba