(Go: >> BACK << -|- >> HOME <<)

Menyang kontèn

Komèt

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 5 Fèbruari 2018 11.59 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (ganti isi, replaced: kabentuk → kadhapur (2))
Komet Hale-Bopp

Komèt punika benda angkasa ingkang mèmper asteroid, nanging mèh sadaya kadhapur saking gas (karbon dioksida, metana, hawa) lan lebu ingkang beku. Komèt ndarbèni orbit utawi lintasan ingkang bentukipun elips, langkung lonjong lan dawa tinimbang orbit planet. Komèt ingkang cerah mesthinipun narik kawigatosan tiyang kathah.

Ciri fisik

Nalika komèt nyelaki pérangan-lebet Tata Surya, radiasi saking srengéngé njalari lapisan ès paling njawi nguap. Arus lebu lan gas ingkang kaasilaken mbentuk setunggaling atmosfer ingkang ageng nanging tipis sanget ing saubengipun komèt, kasebat coma. Akibat tekanan radiasi srengéngé lan angin srengéngé ing coma punika, kadhapur buntut raksasa ingkang nebihi srengéngé.

Coma lan buntut komèt mbalikaken cahya srengéngé lan saged kapirsani saking bumi manawi komèt punika cekap celak. Buntut komèt bènten-bènten wujud lan ukuranipun. Sansaya celak komèt kasebat kaliyan srengéngé, sansaya dawa buntutipun. Wonten ugi komet ingkang boten ndarbéni buntut.

Ciri orbit

Komet ndarbéni orbit wujud elips. Pun wigatosaken, komèt punika ndarbéni kalih buntut

Komèt makaping-kaping ngubengi srengéngé, nanging peredaranipun mbetahaken wekdal ingkang lami. Komèt dipunbéntenaken miturut rentangan wekdal orbitipun. Rentangan wekdal cendhak punika kirang saking 200 taun lan rentangan wekdal ingkang rowa punika langkung saking 200 taun. Lumrahé, wujud orbit komèt punika elips.

Komèt misuwur

Wonten sapérangan komèt ingkang misuwur, umpaminipun:

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.