(Go: >> BACK << -|- >> HOME <<)

Menyang kontèn

Hera

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

Hera (basa Yunani: Ἥρα utawa Ἥρη) yaiku dewi pernikahan ana ing mitologi Yunani.[1] Hera iku mbakyu lan uga garwa saka Zeus.[1] Hera yaiku putra saka Kronos lan Rea lan kalebu siji saka 12 Déwa Olimpus.[1] Ana ing mitologi Romawi, Hera dihubungke karo Juno.[1] Sapi lan merak yaiku kéwan kang dikeramatake kanggo Hera.[1] Hera digambarake kaya dewi kang kebak hikmat.[1] Hera sok ditahtake lan dinobatake karo polos (makutha awujud lingkaran kang mung dianggo déning dewi-dewi agung).[1] Hera kaloka karo sipaté kang cemburuan lan pendendam, mligi marang selingkuhan lan anak-anak Zeus.[1] Hera uga tau murka marang Pelias amarga matèni wong ana ing kuil Hera[1]. Hera uga naté murka marang Paris kang ora milih Hera dadi putri paling ayu lan luwih milih Afrodit dadi putri kang paling ayu.[1]

Ètimologi

Walter Burkert madakake jeneng Hera karo hora (‘ωρα, mangsa).[1] Ana uga panemu kang nyatakaké yèn Hera iku minangka wujud feminin saka hērōs (‘ηρως, tuan).[1] Nanging John Chadwick, pengurai Linear B, negesake yèn gegandhèngané Hera karo 'hero' iku ora cetha[2] Ing Linear B dhéwé, Hera karan karo jeneng E-ra.[1]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m Burkert, hlm. 131.
  2. Chadwick, The Mycenaean World (Cambridge University Press) 1976:87.

Cithakan:Déwa Dewi Yunani