(Go: >> BACK << -|- >> HOME <<)

Menyang kontèn

Mohamed Boudiaf: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎Wacanan: ganti kat using AWB
Larik 36: Larik 36:
{{end}}
{{end}}


[[Kategori:Tokoh Aljazair]]
[[Kategori:Wong Algièrs]]
[[Kategori:Tokoh sing diprejaya]]
[[Kategori:Tokoh sing diprejaya]]
[[Kategori:Lair 1919]]
[[Kategori:Lair 1919]]

Révisi kala 28 Januari 2017 02.14

Mohamed Boudiaf
محمد بوضياف
Présidhèn Aljazair ka-7
Linggih
14 Januari 1992 – 29 Juni 1992
Kang sadurungéChadli Bendjedid
Kang sawiséAli Kafi
Rerincèn dhiri
Lair(1919-06-23)23 Juni 1919
Ouled Madhi, Aljazair
Pati29 Juni 1992(1992-06-29) (umur 73)
Annaba, Aljazair
Parté pulitikFront de Libération Nationale
SisihanFatiha Boudiaf
AgamaIslam

Mohamed Boudiaf (Arab: محمد بوضياف‎‎, utawa misuwur uga kanthi jeneng sesinglon Si Tayeb El-Watani (سي الطيب الوطني) (lair ing Ouled Madhi, Aljazair, 23 Juni 1919 – pati ing Annaba, Aljazair, 29 Juni 1992 ing umur 73 taun), iku pamimpin pulitik Aljazair lan salah sijining pangadeg parté revolusionèr Front de Libération Nationale (FLN), kang nduwé peran wigati jroning Perang Kamardikan Aljazair (1954–1962).

Ing mangsa kolonial Prancis, dhéwèké mèlu klompok paramilitèr rahasia anama Organisation Spéciale (OS). Boudiaf nduwé tanggung-jawab ngatur jaringan organisasi iki ing wewengkon Sétif, nimbun senjata, ngumpulaké béaya lan nyiapaké pasukan gerilya. Amerga iku dhéwèké diukum in absentia 10 taun kunjara déning pamaréntah kolonial Prancis, nanging dhéwèké lunga minggat. Ing tanggal 1 November 1954, Front de Libération Nationale (FLN) molai nglancaraké serangan militèr gedhé-gedhéan marang Prancis. Boudiaf sing saiku wis dadi sawijining pamimpin utama parté iku, banjur nerusaké nyambut gawé saking Kairo lan nagara-nagara tanggané Aljazair. Ing taun 1956, dhéwèké karo Ahmed Ben Bella lan liya-liya pamimpin FLN ketangkep tentara Prancis nalika aksi kontrovèrsial pambajakan montor mabur. Boudiaf banjur dikunjara ing nagara Prancis. Senadyan mengkana, dhéwèké tau diusung FLN dadi mentri pamaréntahan ing pangasingan, lan tetep njabat posisi iku nganthi taun 1961. Boudiaf ora diuculaké saking pakunjaran nganthi mèh waé Aljazair mardhika ing taun 1962.

FLN tibaké kapisah dadi fraksi-fraksi sing pada saingan nalika pasukan kolonial Prancis mundur saka tlatah Aljazair. Boudiaf sempet ngadegaké parté oposisi 'ngisor lemah', Parti de la Révolution Socialiste (PRS), sing ndèrèk mbrontak marang pamaréntahan FLN sing saiku wis dadi parté panguwasa tunggal ing nagara iku. Boudiaf kapeksa urip jroning pangasingan ing Maroko. Ing awal taun 1992, sawisé 27 taun pangasingané, klompok militèr ngundang dhéwèké tampil dadi kepala Dhéwan Dhuwur Nagara Aljazair (Haut Comité d'État). Dhéwèké nrima lan dadi tokoh simbul sing ngwakili junta militèr, nurutaké pambatalan asil pamilian umum sing mèh menangaké parté Islamis, Front Islamique du Salut (FIS).

Ing tanggal 29 Juni 1992, mangsa jabatan Boudiaf sebagé kepala Dhéwan Dhuwur Nagara kandheg amerga dhéwèké diperjaya déning pengawal pribadhiné dhéwé, nalika pidhato ing televisi jroning acara paresmian pusat kabudhayan kutha Annaba. Prastawa iku kadadèn ing kunjungan kanagaraan pisanané ing luwar kutha Aljir sawisé dhéwèké njabat kepala nagara Aljazair. Kedadéan pépaten iku nggawé rasa kagèt sanget kanggo kabèh masarakat Aljazair, lan dadi prakara wigati sing tansah kélingan ing sajarahé nagara iku.

Wacanan

  • Achour Cheurfi, La classe politique algérienne, de 1900 à nos jours. Dictionnaire biographique (Casbah Editions, 2nd edition, Algiers 2006)
Kang sadurungé
Chadli Bendjedid
Kepala Dhéwan Dhuwur Nagara
1992
Kang sawisé
Ali Kafi