(Go: >> BACK << -|- >> HOME <<)

Menyang kontèn

Meriam Bellina

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Meriam Bellina
LairEllisa Meriam Bellina Maria Bamboe
Pakaryanaktris, penyanyi,bintang iklan,bintang filem dan sinétron
Taun aktif1984-sapunika
BojoFerry Anggriawan (cerai)
Adi Surya Abdi (cerai)
AnakAlbert Surya (saka bojo kaloro)
Nigel Pino (saka bojo kaloro)

Meriam Bellina (jeneng dawa: Ellisa Meriam Bellina Maria Bamboe; lair ing Bandung, Jawa Kulon, 10 April 1965; umur 59 taun).[1] Meriam Bellina ya iku salah sawijiné aktris Indonésia kang duwé akèh kabisan.[1] Meriam Bellina iku anak saka Maria Theresia lan G.H. Bamboe (tukang nggawé sikil palsu).[1] Sadurungé dadi artis, Meriam Bellina duwé kepenginan dadi pramugari Garuda Indonésia, nanging Meriam Bellina metu saka SMAK Dago Bandung (kelas II) lan dadi gadis sampul ing majalah Gadis.[1] Meriam Bellina duwé katurunan Barat, ya iku Walanda lan Jerman.[1] Sawisé manggon ing nagari Kanada, Meriam bisa basa Inggris kanthilancar lan duwé kasenengan maca novèl.[1]Logat Indone kalebu "r" kang diunékaké nganggo swara garau uniné désah (guttural fricative) kaya wong pilek.[1] Film kang sepisanan dibintangi Meriam Bellina ya iku filem kang judhulé Perawan-Perawan.[1] Film iki dibintangi Meriam Bellina nalika dhèwèké isih remaja.[1] Sawisé éntuk Piala Citra nalika taun 1984 ing kategori Ingkang maragani utama Wanita paling apik ing filem Cinta di Balik Noda kariré wiwit misuwur ing filem Catatan si Boy.[1] Nominasi FFI taun 1984 lumayan abot awit ing saliyané Meriam Bellina kang dadi nominasi ya iku Christine Hakim, Yenny Rahman, Zoraya Perucha, dan Lidya Kandau.[1] Sanajan duwé bakat dadi aktris drama, nanging pungkasane "Si Mer" luwih aktif main ing sinétron kang témané komedi.[1] Meriam Bellina éntuk piala citra manèh lumantar filem kang judhulé Taksi ing taun 1990.[1]

Meriam Bellina uga nduwé album.[2] Albume kaya ta Simfoni Rindu, Untuk Sebuah Nama, lan Belajar Menyanyi.[2] Déné lagu-lagu kang dadi andalané ya iku lagu kang judhulé Begitu Indah (lagu iki tau disensor nalika jamn papréntahan Soeharto amarga liriké kang pesimis), Kerinduan lan khususé lagu-lagu karangan Pance F. Pondaag.[2] Meriam Bellina wis nikah lan cerai kaping pindho karo prodhuser filem.[2] Rainé kang Indo (blasteran Makassar-Jawa-Jerman-Sunda-Walanda) narik kawigatén salah sijiné penulis Walanda kang jenengé Ivan Wolffers, kang nggambaraké rasa éram lan obsesiné ing novèl Liefste, mijn liefste (1992) (Sayang, oh sayangku).[2] Novèl iki laris lan bisa kadol punjul 10.000 buku.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m lintasberita.com Archived 2011-04-29 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 11 Juli 2011)
  2. a b c d e f kapan lagi.com(dipunundhuh tanggal 11 Juli 2011)